Kangen Patihan

Поділитися
Вставка
  • Опубліковано 19 вер 2024
  • Kami persembahkan untuk seluruh warga Patihan, Gadingsari, Sanden, Bantul. Yang tetap bertahan, yang tetap menjaga diri, demi anak-anak, demi orangtua, demi keluarga.
    Katur dhumateng Bapak Simbokku sing banget tak tresnani..
    Salam sungkem pamujiku saka kene, mugya tansah adem ayem titi tentrem sakabehe.
    Kabarku..
    Neng kene bagas waras ora kurang wulu wetu..
    Krana restu, donga pamujimu.
    Pak..., Mbok...
    Sing gedhe pangapuramu..
    Taun iki anakmu ora isa bali.
    Krenteg ati,..
    Kepingin mulih nyawiji.
    Ketemu kulawarga, kepethuk tangga, kumpul prakanca.
    Weruh desa, nepak pesisir Ngayogyakarta.
    Endah gumelaring sawah, sumilir angin pesisir, regenging kahanan dusun Patihan.
    Gebyur ombak ing wayah wengi, rerungonen ana ing ngimpi.
    Ngembag, Tepcilik, lan Tepgedhe.., panggon dolanan kang isih eling nganti seprene.
    Rojoniten, Lapangan mBanteng, Mesjid Mujahidin. Dadi seksi muter ujung, atur lepat salam taklim.
    Kangenku tan bisa kabendung.
    Simbok Bapak kang semanak.., Buyut Simbah kang lembah manah, sanak kadang.. sedulur batih kang kinasih.
    Aku ora bisa mulih.
    Bagas nengkene, waras nengkono, ora nana artine yen sak dalan-dalan kebak alangan.
    Lelara kang ora ketara, bebendu kang tambane durung tinemu.
    Pak..., Mbok...,
    Adum slamet. Laku urup nglakoni urip, kanthi arip ngajab pangarep-arep.
    Donga dinonga, niti suwun marang Nata, netepi jibah nunggu kala kesarug wektu.
    ------
    Non Commercial Video
    In frame : Dian Jatmiko & Warga sepuh Patihan
    Video : Ardi, Sigit, Fajar - dokumentasi 2019
    Narasi : Ananti
    Mocopat : Pitutur Jawi • Video
    Backsound : Donk Gedank
    : Arda • Arda - Ora Bisa Mulih ...

КОМЕНТАРІ • 25