Kidungan Jula Juli Saut Sautan 2, Aji Ariz.Slamet Kasimin
Вставка
- Опубліковано 18 жов 2024
- #ludruk #julajulijawa #dagelanjowo #ahokdjarot #humor #banyolanjowo #breakingnews #demokrat #ganjarpranowo #pilpres2024
Kidungan Karya Ariz Wicaksono
Kasimin
Awan awan , ndandani dingklik
Mangan rujak, nang tengah sawah
Dadi prawan, Ojo sukak nglirik
Mundak mundak, marakno berbahaya
Iku pancen temenan
Mangan roti ,ngombene jamu
Prawan Saiki , kok lemu lemu
Lombo
Aji Irawan
Rukun Islam, iku Ono limo
Mulo sing tak jaluk , Ndang pelajarono
Iku Kabeh, perintahe sing kuoso
Kanti tuntunan, dasare agomo
Sing nomer siji, Moco shadat
Kuwajibane wong Islam, lan sekabehe umat
Sing nomer loro, Podo ngelakoni sholat
Sembayang limang waktu,Ojo sampik telat
Sing nomer Telu, ayo Podo aweh zakat
Marang fakir miskin, sing Nandang mlarat
Fakir miskin munu, kehidupane pancen berat
Iku wajib lak nrimo zakat
Sing nomer papat , Podo nglakoni Poso
Wajib ing Wulang romadhon , sing suwene telung puluh dino
Ibadah haji iku rukun sing nomer limo
Mulo nek wis mampu, Ndang lakonono
Rangkep
Ariz
Dulurku Kabeh ae, ayo ilingo pesene wong tuo
Blajaro sabar subur, nedo Lan nrimo
Sifat angkoro murko, kebat singkirono
Supoyo biso, dadi wong Sampurno
Pancene iku gebyaring ndunyo
Sopo sing seneng sembarang ono
Tapi nek ngurusi syetan lali dalan sing Utomo
Tapi ngesakno nek ngeneiki anak putu Kito
Mulo Kabeh ,kudu sing waspodo
Ojo sampik, keno penggudo
Penggudo munu , maceme Warno Warno
Nek gak duwe Doyo, tambah sangsoro
Onok seneng onok susah , iku wis gandengane
Mulane ayo ditompo opo anane
Ayo dipasrahno Nang pengerane
Sebab manungso urip, mung sakdermo nglakoni takdire
Mulo menungso Urip Ojo duwe sifat jobriyo
mundak adoh dulur adoh konco
Ojo dumeh duwe pangkat ugo sugih dunyo brono
Iku ngnu Kabeh titipane sing kuoso
Dangdutan
Slamet Riadi
Jula Juli, jula juli dangdut
Ugo kenek ,digawe disko
Dijogeti Karo mendat Mendut
Nek dirasakno ,pancene enco
Dangdut ,digawe koplo
Sing nyanyi ayu, rambute kribo
Clonone mlorot, udele mendolo
Bokonge ketok titik, aku plonga plongo
Onok maneh goyang ngebor
Aku seneng joget Nok ngisor
Penyanyi e ayu bokonge sak ebor
Sik kait digoyang aku Tibo ndlosor
Ono neh , goyang patah patah
Sing nyanyi ayu, Katik mbegagah
sing ndelok , lak sampik betah
Bareng aku digoyang ,aku langsung mlumah
Tapi aku seneng joget goyang dombret
Aku melok joget, tambah suwe tambah mepet
Penyanyi e ayu Katik mulat mulet
Bareng digoyang aku langsung jembret
Onok maneh jenenge goyang gergaji
Sing nyanyi ayu, nyenengno ati
Tak jela jelu, aku dibimbangi
Pungkasane dadak no banci