Cak Nun Mengupas Makna Sejatining Urip, Urip Kang Sejati - Emha Ainun Najib

Поділитися
Вставка
  • Опубліковано 17 жов 2024

КОМЕНТАРІ • 3

  • @mujiono8607
    @mujiono8607 3 роки тому +3

    MAKNANING URIB.
    Nuwun sewu soho nyuwun ngapunten Mbah Nun…ndherek nyimak ugi badhe ndherek urun rembug kemawon, nanging mboten wonten niat ngguroni.
    Miturut penemuku, nek ngrembug utowo nyinau babagan URIB iku, pancen mujud ake bagian soko kuwajibaning manungso urip neng ngalam ndunyo.
    Sebap nek miturut rasaku, hakekat urip iki, nduweni tugas lan kuwajiban, ora mung netepi kuwajibaning minangkani kebutuhane panguripan, nanging luwih wigati, supoyo sinau maknaning urip.
    lbarat cirigo lan warangkane, isi lan wadhah, jiwo lan rogo, kahanan semu lan kahanan langgeng, mesthine, luwih utomo, isine, katimbang wadhahe, tumrap sing sadar bap bap kerohanian, utowo kajiwan.
    * URIB, (UR + IB) soko tembung, URutane gaIB.
    Tegese, urip iki, ora mung sipating sing keno di jongko dayaning poncondrio, kalebu nalar, nanging, ono urutaning ke gaiban.
    Sing nyoto wae, yen di buktekne yoiku ananing indrio ka 6.iku, lan biso di buktekne coro laku topo, ugo coro semedi /meditasi.
    * URIB, (UR + IB) soko tembung, URup IBarate.
    Tegese, urip iku, koyo dining, uruping damar lan lengo gas.
    LENGO, (LENG + O) soko tembung, Ononing eLENG,
    GAS, soko tembung, gaGASsan.
    Tegese, timbuling gagasan iku, asale soko kelingan, = kailingan, = kilenan.
    Sebap wong iku sipate suwung, najan gagasan isih ono, yen tanpo ono sing ngilingi, ngileni ibarat talang ora biso nyuworo yen tanpo kilenan banyu udan soko langit.
    Semono ugo, sipate wong iku, ora biso obah musik, lan nyuworo sadurunge, ono manungso = manunggaling roso lan pangroso, peperinging Moho URIB, = Urutaning gaIB, buktine yen lagi turu iku, najan isih ono napas nanging yen ora kelingan yo ora eling.
    * UREP, soko tembung, URusane REPot.
    Tegese, sipate manungso urep iki, ngadhepi PERANG (PER + ANG) soko tembung, PERkoro ANGel di urusi.
    Amergo, pancen lurine SIMOLOKOMO, sing sipate, ngene salah, ngono yo salah, ngene bener ngono yo bener.
    Tegese, sak salah salahe manungso urep iki, isih ono keberane, lan sak bener benere manungso urep iki isih ono kesalah ane.
    URIP, soko tembung, Ukur iRIP irip.
    Tegese, dadi wong urip iku, nduwenono, ukuran lan pangirip irip (dugo kiro), sebap nek ora nduweni ukuran lan prakiraan, dadiane UREP yoiku mau, URusane REPot.
    Banjur…opo sing diarani "URIP SEJATI KANG SEJATINING URIP"
    Tembung sejati, podhone tembung, (sinonim kata) = sanyatane.
    Dadi…miturut pemahamanku, sing di arani "urip sejati kang sejatining urip" iku, manungso urip kang biso buktekne lan nyatakne "SANGKAN PARANING DUMADI" tegese, sangkane asal soko ngendi, parane menyang ngendi.
    Matur nuwun.
    Kirang langkungipun nggen kulo komen niki nyuwun ngapunten sak kathah kathah ipun.
    SALAM WARAS SAGUNG DUMADI.

  • @indonnesia5762
    @indonnesia5762 Рік тому

    SEJATINE WONG URIP TEKI KANJENG SLAMET, DADI ISO NGONEKNO FIR^AON.