Syiir Kubur Karya KH. Masyhudi Hamid Karangnongko Klaten By: Gus Ipung Khadimul Majelis Bromocorah

Поділитися
Вставка
  • Опубліковано 8 жов 2024
  • ياَ رَسُولَ اللهْ سَلاَمٌ عَلَيْكْ * يَا رَفِيْعَ الشَّانِ وَ الدَّرَجِ
    عَطْفَةً يَّاجِيْرَةَ الْعَالَمِ * يَا أُهَيْلَ الْجُودِ وَالْكَرَمِ
    ياَ رَسُولَ اللهْ سَلاَمٌ عَلَيْكْ * يَا رَفِيْعَ الشَّانِ وَ الدَّرَجِ
    Alhamdulillah pamuji kito
    Rahmat lan salam ing Nabi kito
    Soho ahline kabeh shohabat
    Kang podo manut Nabi Muhammad
    Puniko syi’ir isi pitutur
    Sinten kang ngagem kawulo syukur
    Menawi syi’ir puniko mangke
    Lepat mugio paring lerese
    Menawi syi’ir puniko wagu
    Supados ampun ngantos ngeguyu
    Menawi lepat wagu pun cetho
    Panci kang nyusun sanes pujonggo
    Bapak lan ibu kabeh dulurku
    Podo njungkungo ing Pangeranmu
    Kanthi netepi agomo Islam
    Tindak kang olo kapok kang tenan
    Tindak kang becik podo diudi
    Perlu ginawe sangune mati
    Sangune mati iku amalmu
    Dudu tumpuk’an bondho donyamu
    Najan naliko golek’e bondho
    Hinggo rewangi ngorbanke jiwo
    Numpuk’e bondho ora netepi
    Coro agomo bakal nglaknati
    Matine bejo wong sugih bondho
    Janji netepi coro agomo
    Wektu uripe podo dipuji
    Akeh kang seneng arang kang drengki
    Tindak mengkono banget abote
    Arang sedulur kang nindak’ake
    Nanging matine kang luweh bejo
    Sedulur islam kang sepi bondho
    Ora nggersulo wektu cobane
    Angel nggolek’e sandang pangane
    Mulane bejo sebabe nrimo
    Wektu dicobo ora nggersulo
    Mulo elingo nggersulo iku
    Ora nyababi gampang sejamu
    Malah nyababi banget rekoso
    Wektu uripmu lan mati niro
    Dadi yen ngono becik nrimane
    Supoyo mulyo mbesuk matine
    Ayo dulurku podo elingo
    Arep matimu nglakoni opo
    Durung matimu iku sekarat
    Banget larane tan biso sambat
    Kabeh ahline podo nunggoni
    Kiwo tengenmu lan mbrebes mili
    Kang podo nunggu nyawang raimu
    Podo ngematne polah tingkahmu
    Sakwuse terang yen mati siro
    Banjur do bingung nangisi siro
    Siro dilurupi terus didusi
    Banjur dibuntel putihan mori
    Akeh sedulur kang podo teko
    Perlu ngormati budalan niro
    Kang podo nunggu ono ngomahmu
    Sinambi ngomong sinambi ngguyu
    Tinimbang ngomong wacakno qur’an
    Suwuno rohmat marang Pangeran
    Lamun wus mongso siro diangkat
    Kanthi dijunjung sedulur papat
    Akeh sedulur kang ngiringake
    Ono mburine karo nahlilke
    Tekan kuburan siro dibopong
    Dilebok’ake papan kang growong
    Siro ditableg lemah lan watu
    Pener nduwurmu tancepi kayu
    Tancepan kayu kanggo nengeri
    Yen sedulurmu arep ngeteri
    Wacanan qur’an sholawat lan do’a
    Supoyo siro oleh ngapuro
    Sakwuse rampung dulurmu bali
    Perlu nuruti senenge ati
    Siro ditinggal mung kari ngroso
    Tompo ganjaran utowo sikso
    Yen wus let dino bosok badanmu
    Banget gondho lan ajur ulesmu
    Anak bojomu kang ono ngomah
    Podo ambagi bondho lan omah
    Menowo ono kang ora trimo
    Dadi mungsuhan dadi perkoro
    Rewangi ragat watone menang
    Nadjan akhire ora keduman
    Kang ono kubur banget susahe
    Banget larane sarto seksane
    Sebab ahline podo rebutan
    Tinggalan hinggo dadi perkaran
    Mangkono iku nambahi sekso
    Kang ono kubur, ora rumongso
    Ono kuburan iku kancane
    Amale wektu ono ndonyane
    Amal kang becik iku nulungi
    Amal kang olo iku menthungi
    Yento mangkono banget getune
    Tindak kang olo wektu uripe
    Ayo dulurku awit saiki
    Amal kang olo podo mareni
    Podo netepi dawuhe Tuhan
    Supoyo aman saking rintangan
    Mbesuk matine ora disekso
    Malah dilebok’ake suwargo
    Wong mati iku mung kari nunggu
    Kiriman soko anak lan putu
    Sebab dewek’e wus ora biso
    Ngamal kang kanggo nolak’ing sekso
    Kang biso nolak mung kirimane
    Dulur kang tetep iseh uripe
    Ayo dulurku ziaroh kubur
    Supoyo seneng kabeh leluhur
    Ziaroh kubur najan rekoso
    Hawane rikuh isin dipekso
    Isin lan rikuh sifate nafsu
    Kang manut syetan ojo digugu
    Mulo dulurku ojo pepeko
    Ziaroh kubur iku perlokno
    Wacakno qur’an utowo sholawat
    Tahlil lan ugo suwuno rohmat
    Mangkono iki biso njalari
    Entenge sekso kang mbok parani
    Aamiin..aamiin..aamiin..aamiin..
    Ya Allah rabbal ‘alamin..
    ياَ رَسُولَ اللهْ سَلاَمٌ عَلَيْكْ * يَا رَفِيْعَ الشَّانِ وَ الدَّرَجِ
    عَطْفَةً يَّاجِيْرَةَ الْعَالَمِ * يَا أُهَيْلَ الْجُودِ وَالْكَرَمِ
    ياَ رَسُولَ اللهْ سَلاَمٌ عَلَيْكْ * يَا رَفِيْعَ الشَّانِ وَ الدَّرَجِ

КОМЕНТАРІ • 1

  • @JiwaAngga
    @JiwaAngga 2 місяці тому

    Mugi Mugi saged nglampahi... aamiin aamiin yaa rabbal 'Alamiin