Lagu PUJANINGSIH versi Jathilan vokal Delaksita Asmara feat Wijayana JB

Поділитися
Вставка
  • Опубліковано 10 жов 2024
  • Lirik pujaningsih
    Purwakane pagut netra trus andulu,
    Nadyan datan andangu,
    Nanging wus tumekeng kalbu,
    Mbabar pajar pindha slaka binabar
    Sepisan anjawat kang asta
    Kaya kaya wus antuk swarga,
    Apa iya iki tresna,
    Tresna kang sanyata,
    Temah agawe kunjana papa
    Lunging gadhung hangayun ayun
    Dhuh sang mustikaning asmara
    Sun kayungyun mring handika
    Yen jawata nglilanana
    Bakal dak pundhut krama
    Mugo kasembadan
    Dak jongko srono
    Manembah mring sang hyangwidi
    Mugio peparing margi
    Margi kang waluya jati
    Duh duh aduh sang mustikaning asmara
    Sepisan anjawat kang asta
    Kaya kaya wus antuk swarga,
    Apa iya iki tresna,
    Tresna kang sanyataaaa,
    Temah agawe kunjana papa
    Lunging gadhung hangayun ayun
    Dhuh sang mustikaning asmara
    Sun kayungyun mring handika
    Yen jawata nglilanana
    Bakal dak pundhut krama
    Dhuh sang mustikaning asmara
    Sun kayungyun mring handika
    Yen jawata nglilanana
    Bakal dak pundhut kramiii
    Dak mulyake pindha prameswari
    Mbalung janur dadya usada kang sayekti
    Mbalung janur dadya usada kang sayekti

КОМЕНТАРІ •