Це відео не доступне.
Перепрошуємо.

Memetri Prigi - Festival Upacara Adat 2024 | Kalurahan Budaya Sidoharjo

Поділитися
Вставка
  • Опубліковано 20 чер 2024
  • Memetri Prigi, Kacariyos rikala semanten wonten satunggaling tlagi ing padukuhan Prigi kang sinebat tlagi Njurug. Rikala semanten sesepuh ing dusun Prigi inggih punika Ki Kromo wijaya utawi mbah dukuh Gudel saha sang juru kunci tlagi mbah So Sarimun sami was lan sumelang awit toya ing tlagi ketingal radi rob utawi asat. Lajeng sami nyuwun wisiking Gusthi murih toya ing tlagi saged awet malih. Saksampunipun sami nampi tayuh saking Gusti ing hakarya jagat lantaran Nyi Kaliyem rumeksa njagi tlagi Prigi supados ngupadi toya saking pitung sendang kinarya sarat lan sarana. Kacarita bersih tlagi dipun wonteni kanthi uborampe bokor kuning utawi panjang ilang kang dipun papanaken dening sang juru kunci wonten ing wreksa ageng ing sak nginggiling tlagi.
    Enggo sapriki, saben dinten jemuah pahing ngajengaken rasulan adat menika tasih dipun pepetri warga Padukuhan ing Prigi, karana tlagi menika sanget migunani tumrap warga Padukuhan Prigi sak kiwa tengenipun.
    Saha bersih tlagi dipun pungkasi kanthi adicara genduri saha tayuban.
    Sutradara : Brury Setyawan
    Penata Iringan : Ramadhan Beny Hidayat
    Penata Tari : Endah Pratiwi
    Properti : Gubug Produksi OraISI
    Produksi : Kapanewon Tepus
    #kalurahansidoharjo #kalurahanbudaya

КОМЕНТАРІ • 2

  • @wasidisayudi2094
    @wasidisayudi2094 Місяць тому

    Nderek bungah Soho bangga,dene saget tampil wonten ing taman budaya gunung kidul, Mugi tansah lestari Budoyo Kito, Aamiin.