Wajib Syukur ing Allah Kaduwe Mukmin
Вставка
- Опубліковано 7 лют 2025
- Wajib syukur ing Alllah kaduwe mukmin
Kang pinaringan iman ing dalem batin
Laku syukur tinggal doso sabab wirang isin
Labete syukur soyo wuwuh ati yaqin
Wedi lan asih ing Allah tan katinggalan
Ikulah lakune wong kuat jazem iman
Ngalindung ing Allah saking fitnahe syaiton
Ati gegiyungan ing Allah kanugerahan
Sah e iman tan di syarataken ibadah
Sah e ibadah arep ono iman dihajat
Ikulah sah e iman luwihno kahimmat
Pitukune suwargo mulyo langgeng nikmat
(Karya Syaikh K.H Ahmad Rifa'i dalam kitab Riayatal Himmah juz.1)